Rabu, 31 Januari 2018

Cerkak Petruk Kridha



Penulis: Ki Nayantaka

         Kacarita ingkang sami eca pirembagan wonten pandhapi agung Nagari Ngamarta kagyat awit minggahipun Rekyana Patih Tambakganggeng. Terus wae pancakara Raden Werkudara mungsuh Jaya Prakosa. Raden Werkudara njotos diendhani, nempiling diendhani, mengkonsumsi nganti rada sawatara. Petruk males pengapesane Raden Werkudara yaiku dibithi kentole. Sambat-sambat banjur mundur. Gathutkaca lan Antasena nuli maju. Ngetog kekuwatane, nanging meksa ora bisa ngalahake Jaya Prakosa. Sri Kresna banjur semedi sedhela.             

         Anggen kula kridha ngantos saged manggihaken Sanjaya paduka ingkang sami ical punika awit saking raos tanggel jawab, bilih pusakanipun para bendara punika ugi kabelet tanggel jawab kula. Awit yen mboten mekaten mangke Brata Yuda Jaya Binangun boten saged kawengku dening bendara momongan kula para Brata Pandhawa.

Selasa, 30 Januari 2018

Novel Kadurakan ing Kidul Dringu


Penulis            : Suparto Brata
Penerbit          : Narasi
Tahun terbit   : 2012
Tempat terbit : Yogyakarta
Tebal buku     : 192 halaman

         Desa dringu iku ana ing sawetanipun kutha Probolinggo, isih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Salah sijining pemuda ingkang namanipun Wimbadi nalika jaman perang Walanda. Nalika taun 1947 Wimbadi dipindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi ora perlu golek pondhokan amargi ana saderekipun saking sala wonten ing Dringu. sawijining dina Wimbadi mulih saka kantor, akeh montor mabur klinteran. Jebul swara montor mabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana lan tekan ana ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wimbadi bareng pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul, Dul Genuk, Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. saha wanodya ayu sing tansah ditresnani jenenge Kingkinarti anangen ora bisa cedhak.

         Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Nalika bengi padha ngawontenaken serangan bebarengan. Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman Padha nyabrang dalan Daendels, Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara Walanda. Lajeng Dul Genuk digawa bali dusun. Para pemudha bingung amarga peluru menika kudu dijupuk supaya Dul Genuk ora ke lara lara, badhe. Ketua regu banjur gawe undian kangge nemtokake sapa sing nembak mati Dul Genuk, Dasiyun kang kudu nembak Dul Genuk. Kedadeyan iki malah gawe aboting suwasana. Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan sing ana. Wibadi banjur lunga saka dusun golek panguripan sing luwih tentrem. Kutha Sala dadi tujuan. Ana ing Sala Wimbadi ketemu meneh karo Kingkinarti, sing wis jebul saweg ngandhut. Kingkinarti banjur nyeritakake kedadeyan saksampunipun. BIbar anggone cerita Wimbadi banjur lunga saka dusun iku.

Amanat: Kita boten pareng lawan para penjajah, menika sampun dados kewajiban para WNI ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. 

Kamis, 18 Januari 2018

KAHURIPAN 
"MACA BUKU"


Maca buku yaiku kewajiban murid ing sekolah. Ing sekolah kanthi maca buku saben wong bisa angsal kawruh utawa pawulangan migunani. Kanthi maca buku kasebut bisa ngilangi kajenuhan. Nanging kadang maca buku bisa nggawe bosen. Maca buku iku bisa gawe seneng nalika maca karo konco. Yen ana ulangan awake dhewe kudu maca buku, tanpa maca buku awake dhewe angsal ilmu saka endi. Maca buku bisa ing endi wae, yaiku ing perpustakaan, kelas, taman lan liya-liyane.
CERKAK KUNTHI NUGRAHA



 Penulis: Budi Susanto

           Prabu Duryudana saya mantep karana antuk panyengkuyunge Pandhita Durna lan Patih Sangkuni. Sri Narendra wus kondur angedhaton, pinapag garwa prameswari Dewi Banowati. Sang Prabu Duryadana paring pangandika bab wigatosing pasewakan agung. Sawusnya cetha dhawuh timbalane sang nata sigra den sugata kanthi shahar kembul bojana andrawina. Riwusing andrawina, sang nata arsa minggah ing sanggar pamujan, nedha nenuwun ana ngersane jawata agung, mrih kang sinedya bisa katarima.

           Ganti kang winuwus, kanga ana tepis wiringing Negari Ngamarta. Ana satriya putra Pandawa kang lagi Nandang sungkawa, karana tinilar para Pandhawa kang wus lantaran suwe mendra saka praja. Kang minangka tetindhihe para wadya Ngamarta yaiku satriya ing Pringgandani Raden Gathutkaca, Kacanegara, Krincingwesi, Senaputra, Rimbiatmaja ya sang Tetuka. Dene kang lenggah jajar, satriya ing Jangkarbumi Raden Antareja berbarengan lan satriya ing Plangkawati Raden Angkawijaya ya Raden Abimanyu.katarima.

           .Ganti kang winuwus, kanga ana tepis wiringing Negari Ngamarta. Ana satriya putra Pandawa kang lagi Nandang sungkawa, karana tinilar para Pandhawa kang wus lantaran suwe mendra saka praja. Kang minangka tetindhihe para wadya Ngamarta yaiku satriya ing Pringgandani Raden Gathutkaca, Kacanegara, Krincingwesi, Senaputra, Rimbiatmaja ya sang Tetuka. Dene kang lenggah jajar, satriya ing Jangkarbumi Raden Antareja berbarengan lan satriya ing Plangkawati Raden Angkawijaya ya Raden Abimanyu.

NOVEL GARUDA PUTIH



Penulis            : Suparto Brata
Penerbit          : Narasi
Tahun terbit   : 2009
Tempat terbit : Yogyakarta
Tebal buku     : 148 halaman 

Garuda yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Garuda putih wis suwe dadi buronane polisi. Kadurjanan kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

Amanat: Aja gawe tindak kriminal ing antarane manungsa amarga iku mbebayani