Sabtu, 24 Februari 2018

CERKAK TAMBANE KEBUNTEL JARIT



Penulis: I. Mardiyoso

         Ing Dawung ana ramadhan jenenge Sablah. Awake lemu ginuk-ginuk , solah bawane tregal-gregel nggemesake. Nanging orang merga awake kang lemu dheweke diceluk Sablah. Wiwit awake durung mbedhah dheweke wis ketelah Sablah. Yektine mono jenenge sing asli Salbiyah. Sablah duwe anak Lanang siji, jaka kemala-mala, jenenge Beja. Jejere bocah desa anak randha, Beja kegolong bocah sregep nyambut gawe. Babagan ibadah, Beja ya seneng sholat berjamaah lan sregep yen diajak melu pengajian.
    Mung kuciwane, dheweke yen pinuju prei, seneng ndhewe. Lungguh thenguk-thenguk ing lincak teras omahe. Pandulune nrawang adoh, sajak ana masalah kang lagi nggubet atine. Emane maneh, sifate tertutup. Orang tau blaka marang simbokne utawa kanca rakete. Senajan ta wis didhedhes-dhehes si Beja ora blaka. Nanging simbokne yakin hakul yakin yen anake lagi nandhang kasangsaya. Kanggo miyak wewadi kang lagi digembol anake mau, pepuntone Sablah sowan wong tuwa, Mbah Amat Sidik ing Magangan. 
         Pratelan Karto sinambi genti nuding, ning si randha babar pisan ora nesu. Malah kang sekawit mampang-mampang kaya Baladewa ditantang perang, dadi lemes kaya Baladewa ilang gapite. Sablah bali lungguh lincak. Tangane ngepuk-epuk pundhake Karto. Sablah sing wis ngerti underane perkara, kaya kena pengaruh guyune Karto. Dheweke melu-melu ngguyu ngakak.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar