Minggu, 25 Februari 2018

KAHURIPAN
"BERSEPEDA"


Bersepeda minangka salah sawijining aktivitas sing disenengi wong akeh, mulai saka bocah cilik nganti wong tuwa. Kegiatan iku akeh manfaate yaiku:
1. Cepet ngobati kalori
2. Ngobong lemak lan ngiyatake otot
3. Ngganti swasana ati (swasana ati)
4. Bisa nyegah penyakit jantung
5. Apik kanggo nambah stamina
6. Lsp.

Sabtu, 24 Februari 2018

CERKAK TAMBANE KEBUNTEL JARIT



Penulis: I. Mardiyoso

         Ing Dawung ana ramadhan jenenge Sablah. Awake lemu ginuk-ginuk , solah bawane tregal-gregel nggemesake. Nanging orang merga awake kang lemu dheweke diceluk Sablah. Wiwit awake durung mbedhah dheweke wis ketelah Sablah. Yektine mono jenenge sing asli Salbiyah. Sablah duwe anak Lanang siji, jaka kemala-mala, jenenge Beja. Jejere bocah desa anak randha, Beja kegolong bocah sregep nyambut gawe. Babagan ibadah, Beja ya seneng sholat berjamaah lan sregep yen diajak melu pengajian.
    Mung kuciwane, dheweke yen pinuju prei, seneng ndhewe. Lungguh thenguk-thenguk ing lincak teras omahe. Pandulune nrawang adoh, sajak ana masalah kang lagi nggubet atine. Emane maneh, sifate tertutup. Orang tau blaka marang simbokne utawa kanca rakete. Senajan ta wis didhedhes-dhehes si Beja ora blaka. Nanging simbokne yakin hakul yakin yen anake lagi nandhang kasangsaya. Kanggo miyak wewadi kang lagi digembol anake mau, pepuntone Sablah sowan wong tuwa, Mbah Amat Sidik ing Magangan. 
         Pratelan Karto sinambi genti nuding, ning si randha babar pisan ora nesu. Malah kang sekawit mampang-mampang kaya Baladewa ditantang perang, dadi lemes kaya Baladewa ilang gapite. Sablah bali lungguh lincak. Tangane ngepuk-epuk pundhake Karto. Sablah sing wis ngerti underane perkara, kaya kena pengaruh guyune Karto. Dheweke melu-melu ngguyu ngakak.


NOVEL ASMARANI


Penulis            : Suparto Brata
Penerbit          : Elmatera
Tahun terbit   : 2013
Tempat terbit : Yogyakarta
Tebal buku     : 154 halaman

         Asmarani bocah wadon sing awit cilik dadi anak pupon dirumati kaluwarga Nataran ana ing Desa Ngombol. Pak Nataran lan Mak Nataran yaiku tani sing sugih ana ing Desa Ngombol, Pak Nataran iku sabar banget anggone dadi wong. Beda karo Mak Nataran sing panikan lan emosinan. Ana uga Paerah, mbakyune Asmarani singjudhes, manja lan aleman, Paerahkerjane ning Surabaya. Lan akhire kawin karo Raden Saptadi sing dibanggak-banggakake marga pegawe Bank.
         Asmarani satemene wis awit bayi pisah karo ibune merga jaman semana diuber-uber para Walanda, Asmarani iku satemene anake Nyai Juwita salah siji pejuang ana ing jaman semana. Nyai Juwita ninggalake Asmarani merga jaman semana Asmarani isih bayi, lan Nyai Juwita diuber-uber para Walanda. Akhire ditinggalake ana ing omahe Pak Nataran, dirumati Pak Nataran lan keluargane, Nyai Juwita priyayi ana ing Kutha Yogyakarta. Sejatine Asmarani pinter ing sekabehane piwulangan, khususe itung-itungan. Bocah iki cilikane nakal, seneng nyolongan lan pencilakan. Asmarani ndue konco kenthel, yaiku Mardinem. Bocah sing isinan lan wedinan, nanging setiya anggone bebalan. Meh saben dina Mardinem doanane karo Asmarani, merga pancen Asmarani sing kanca kenthele awit cilik mula.
         Nalikane Asmarani kelas 6 SD, dheweke karo Marsan gurune nduweni katresnan, ora lumrah yen dipikir, Asmarani umur 15 taun lan Marsan mehumur tikele. Jaman semana Marsan tenanan anggone seneng Asmarani, bocah wadon sing isih lumrahe bocah, tau uga rerangkulan ana ing kelas kang kothong,  karo ngucap janji, janji mbesok bakal tunangan lan omah-omah bebarengan. Saya anggone tresna merga Asmarani anake wong sugih sawah. Bareng ngerti nek Asmarani anak pupon, langsung wae ditinggalake. Satemene Marsan iku mung milik donyane, ngarep-arepake dadi mantune wong sugih sawah. Senajana ayu yen ora anake wong sugih yo ora bakal dikarepake Marsan.Kaya Asmarani, senajana isih bocah, nanging anake wong sugih ya diarepi Marsan, sing munine bakal saguh ngenteni gedhene Asmarani. Nanging bareng Marsan nampa surat sing isine nudhuhake yen Asmarani kuwi ora anake Pak Nataran, terus wae diemohi.Sing ana malah akhire Marsan mbaleni Paerah lan bebojonan karo Paerah Mbakyune Asmarani, randa merga pegatan karo Raden Saptadi pegawe Bank Surabaya.
         Ora mung karo Marsan, nanging uga Tarwi, satemene Tarwi iku kakak kelase nalika SD, sing saiki nerusake sekolah ana ing SMP. Sing gedhe-gedhenane dadi Pak Lurah.  Dimulai saka anteman juwet sing dikrocokake ing Tarwi, wiwit lebar kadadean iku Tarwi lagi nyadari yen Asmarani iku jebule manis, nalika bubar padu ana ing dalan nalikane Tarwi bali saka sekolah. Intuk pesen saka Mardinem, kanca kenthele Asmarani, Tarwi langsung nusul Asmarani ana ing mburi sekolahan. Kanti permen karet sing dadi lambing katresnane Asmarani ring Tarwi lan nyampur getih dadi lambing senenge Tarwi ring Asmarani. Iku kabeh dilakoni merga padha senenge antarane Asmarani lan Tarwi. Wis digadhang-gadhang sok nek gedhe dijak mah-omah ana ing Kutha Yogyakarta.  
         Bareng Asmarani tamat anggone sekolah dasar, Asmarani nduwe tekad kanggo luru lan nyusul Biyunge. Dekne wis ngerti apa sebababe kok ngrasakake kasih sayang kang beda saka Pak Nataran lan Mak Nataran, ya kuwi merga Asmarani mung anak pupon. Asmarani ngerti yen dheweke kuwi ora anake Pak Nataran lan Mak Nataran merga maca surat sing dikirimake Biyunge lan diwehke Marsan marang biyunge. Bareng ngerti isi surat sing nuduhake deweke ora anake Pak Nataran lan Mak Nataran, langsung wae dheweke sadar diri lan nyelengi duet sitik sitik kanggo bakal biyaya nyusul Biyunge ning Kutha Yogyakarta. Ora ngenteni suwe kekarepane Asmarani kanggo nyusul Biyunge keturutan. Ona utusan saka ibune yaiku Suparto sing dikongkon njemput Asmarani supaya dijak mulih ning Kutha Yogyakarta, Ibune Asmarani sing lgi lara mung bisa ngutus utusan lan ora bisa marani. 
         Kanthi semangat Asmarani gage-gage melu lunga utusane Ibune mulih ning Kutha Yogyakarta. Wis awit cilik mula Asmarani ndue kekarepan dadi manusia super. Sing akhire keturutan sakbubare Asmarani sekolah lan dirumati Ibune ana ing Kutha Yogyakarta.

Kutha sing nggedhekake lan ngabulake impen-impenane Asmarani nalika isih cilik. Bisa awor, ketemu lan disekolahake dening Biyunge nganti dadi wong gedhe. Asmarani ora mung ayu, nanging uga cerdas. Satemene Nyai Juwita bangga bisa nduweni anak kaya Asmarani. Kesedehane Asmarani bisa ilang lan kebayar nalika wis nemukake Biyunge. Bisa ngrasakake kasih sayang sing tulus lan keluarga sing wutuh.

Amanat : Sanajan kahanan wongtuwa iku sugih apa mlarat tetap kurmati lan ajeni 

Kamis, 01 Februari 2018

KAHURIPAN
"SHOLAT"


        Shalat yaiku sarana komunikasi antarane abdi dhateng Allah SWT. Sholat saged nambah iman kita dhateng Allah SWT., ngasta diri kita langkung cedhak dhateng Allah SWT., lan njaga kita saking sétan-sétan kang ala. Menawi kita kagungan masalah, kita kedah sholat lan ndedonga dhateng Allah SWT, dados Allah SWT., nggampilnipun kita ngatasi masalah. Menawi kita mboten ndedonga dhateng Allah SWT., lajeng kita bakal pikantuk dosa lan nyiksa grama neraka.

Rabu, 31 Januari 2018

Cerkak Petruk Kridha



Penulis: Ki Nayantaka

         Kacarita ingkang sami eca pirembagan wonten pandhapi agung Nagari Ngamarta kagyat awit minggahipun Rekyana Patih Tambakganggeng. Terus wae pancakara Raden Werkudara mungsuh Jaya Prakosa. Raden Werkudara njotos diendhani, nempiling diendhani, mengkonsumsi nganti rada sawatara. Petruk males pengapesane Raden Werkudara yaiku dibithi kentole. Sambat-sambat banjur mundur. Gathutkaca lan Antasena nuli maju. Ngetog kekuwatane, nanging meksa ora bisa ngalahake Jaya Prakosa. Sri Kresna banjur semedi sedhela.             

         Anggen kula kridha ngantos saged manggihaken Sanjaya paduka ingkang sami ical punika awit saking raos tanggel jawab, bilih pusakanipun para bendara punika ugi kabelet tanggel jawab kula. Awit yen mboten mekaten mangke Brata Yuda Jaya Binangun boten saged kawengku dening bendara momongan kula para Brata Pandhawa.

Selasa, 30 Januari 2018

Novel Kadurakan ing Kidul Dringu


Penulis            : Suparto Brata
Penerbit          : Narasi
Tahun terbit   : 2012
Tempat terbit : Yogyakarta
Tebal buku     : 192 halaman

         Desa dringu iku ana ing sawetanipun kutha Probolinggo, isih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Salah sijining pemuda ingkang namanipun Wimbadi nalika jaman perang Walanda. Nalika taun 1947 Wimbadi dipindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi ora perlu golek pondhokan amargi ana saderekipun saking sala wonten ing Dringu. sawijining dina Wimbadi mulih saka kantor, akeh montor mabur klinteran. Jebul swara montor mabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana lan tekan ana ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wimbadi bareng pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul, Dul Genuk, Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. saha wanodya ayu sing tansah ditresnani jenenge Kingkinarti anangen ora bisa cedhak.

         Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Nalika bengi padha ngawontenaken serangan bebarengan. Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman Padha nyabrang dalan Daendels, Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara Walanda. Lajeng Dul Genuk digawa bali dusun. Para pemudha bingung amarga peluru menika kudu dijupuk supaya Dul Genuk ora ke lara lara, badhe. Ketua regu banjur gawe undian kangge nemtokake sapa sing nembak mati Dul Genuk, Dasiyun kang kudu nembak Dul Genuk. Kedadeyan iki malah gawe aboting suwasana. Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan sing ana. Wibadi banjur lunga saka dusun golek panguripan sing luwih tentrem. Kutha Sala dadi tujuan. Ana ing Sala Wimbadi ketemu meneh karo Kingkinarti, sing wis jebul saweg ngandhut. Kingkinarti banjur nyeritakake kedadeyan saksampunipun. BIbar anggone cerita Wimbadi banjur lunga saka dusun iku.

Amanat: Kita boten pareng lawan para penjajah, menika sampun dados kewajiban para WNI ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. 

Kamis, 18 Januari 2018

KAHURIPAN 
"MACA BUKU"


Maca buku yaiku kewajiban murid ing sekolah. Ing sekolah kanthi maca buku saben wong bisa angsal kawruh utawa pawulangan migunani. Kanthi maca buku kasebut bisa ngilangi kajenuhan. Nanging kadang maca buku bisa nggawe bosen. Maca buku iku bisa gawe seneng nalika maca karo konco. Yen ana ulangan awake dhewe kudu maca buku, tanpa maca buku awake dhewe angsal ilmu saka endi. Maca buku bisa ing endi wae, yaiku ing perpustakaan, kelas, taman lan liya-liyane.